Selasa, 01 November 2011

swarane sansaya ngayawara,
sesambat mriwil nguda rasa,
angrasuk ati rerese jiwa,
manungsa-menungsa,
jarene menus-menus kakeyan dosa,
ajeg sambat lan ngayawara,
amung raga kebak nggresula,
ndremimil anggone dedonga,
ananing lirwa ing upaya