Selasa, 01 November 2011

swarane sansaya ngayawara,
sesambat mriwil nguda rasa,
angrasuk ati rerese jiwa,
manungsa-menungsa,
jarene menus-menus kakeyan dosa,
ajeg sambat lan ngayawara,
amung raga kebak nggresula,
ndremimil anggone dedonga,
ananing lirwa ing upaya

Rabu, 08 Juni 2011

sawitri

cerita banjaran sawitri

jatining jati

sejatine jati,
jatining urip sajroning panguripan,
napaki lakuni lakon,
lakon kang kudu den lakoni,
jatining jati
sejatining jati dhiri,

Senin, 21 Maret 2011

antarane bisa lan bisa merga kulina

Jarene wong wicaksana, wong urip kuwi amung sinau, sinau jalaran butuh, sinau jalaran kepeksa utawa sinau merga rekasa. Ananging ana uga kang sinau merga tresa...

urapan

urapan mujudake maneka warna gegodhongan kang dicampur dibumboni nganggo parutan klapa. Panganan iki mujudake barang kang lumrah kanggone bebrayane wong jawa.Satemene ing sajroning urapan ora mung awujud klubanan janganan ananging isih ana perkara utawa unsur liya, yaiku unsur filosofi, unsur makna lan unsur tradhisi.
Urapan, mernani sakabehing lakune uripe wong jawa, saka lair tumekaning pati, kang jeneng urapan ora nate keri.
Lair, ceprole bayi langsung wae kang ana ing pawon age-age gawe brokohan. Brokohan ora liya ya sega urap kang pepak koro ndog godhog lan tempe goreng, mujudake rasa syukur lan panuwun.

 sumangga ingkang badhe urun rembug, amrih seratan punika saged tingkas, nuwun